Friday 29 December 2017

Contoh drama basa jawa, judul Sinderela lan sandal jepit


 

  


“Sindenrela lan Sendal Jepit”

Sindenrela kuwi gadis desa kelas 2 SMA sing pinter pengetahuan,pinter nembang, suarane apik, parase ayu, seneng nulung, nanging uripe melasi. Ibu kandunge wis ngadep Gusti Allah. Sindenrela nduwe ibu kuwalon anyar lan nduwe sedulur 2 kuwalon anyar jenenge Ita lan Ratih. Ibu tiri lan mbakyu kuwalon mau senenge nyiksa Sindenrela nek langka bapake ing umah. Saben dina Sindenrela dipaksa kerja terus-terusan, nanging Sindenrela tetep sabar.

Sindenrela nduwe kanca jenenge Santi. Santi kiye wis dadi kancane Sindenrela kawit cilik. Mung karo Santi tok, Sindenrela gelem cerita apa bae, langka sing ditutupi. Apa maning masalah karo ibu tirine lan mbakyu kuwalon, ora ketinggalan di ceritakake neng Santi.

Babak I
( esuk-esuk nang umahe Sindenrela )
Ibu tiri          :  Sindeeeeen!!!! Sindenrela!!!( lungguh ing ngarep TV  karo kipas kipas nyanyi pusing pala barbie )
Sindenrela    :  Dalem, Bu?( mlayu marani ibu tirine )
Ibu tiri          :  Dolam dalem! Kuwe ora ndeleng gerabah numpuk-numpuk. Kumbaih siki!
Sindenrela    :  Ngapunten, Bu. Kala wau kan Ibu ndhawuhi Sinden supados nggirah agemane Ibu. Nah menika dereng...” ( Sindenrela durung rampung ngomong, wes dipedhot ibu tirine )
Ibu tiri          : “Halah, aja nggawe alasan terus! Ibu ora arep ngerti, pokoke siki kabeh kudu rampung!
Sindenrela    :  Nggeh, Bu...( karo manthuk manthuk )
Ratih            :  Sindenrelaaaaa!
Sindenrela    : Dalem, Mba?” ( mlayu marani Ratih )
Ratih            : “Gawekke aku mie! Cepet! Aku selak ngelih!
Sindenrela    :”Lho kula wau mpun masak sayur to mbak, maem kalih niku mawon.
Ratih            :”Moh aku pinginne mie! Cepet lhek gawekke kono!
Sindenrela    : “Nanging, Mba, anu menika Sinden ajeng ngumbah agemane Ibu lan ngumbah piring.”
Ratih            : “Wah rak mikir. Nek ora tak kandakke ibuk nek kowe ora gelem. Buukk iki lho….” (durung rampung ngomong)
Sindenrela    : “Ampun to mbak nggeh kula damelke mie, sekedap malih.” (Sindenrela banjur cepet nggawekke mie gawe mbakyune.)


Babak II
( Sindenrela njerengi klambine ibune ning latar karo nangis amarga nelangsa karo uripe sing saben dina dibeda-bedani nang umahe dewe. Sindenrela ora ngerti nek ana Santi lewat )
Santi             : Loh, Nden? Nangapa koh? Deneng nangis?( nyedhak marang Sindenrela )
Sindenrela    :  Ya san. Lha kok nggowo kresek seko ngendi?”
Santi             :  “Seko warung didawuhi ibuk tuku lawuh. Sedulurku seko Sumowono ameh melu Bapakku manggon ning kene karo arep sekolah. Sak sekolahan mbek dewe kok Nden.”
Sindenrela    :  (Sindenrela mantuk-mantuk) “Oh… Yo kono lhek ndang bali selak ditunggu ibumu lho San.
Santi             : (nepuk bathuk) “Aduh iya, ya wis bali ndisik ya Nden. Assalamuallaikum.”
Sindenrela    : “Waalaikumsalam.”


Babak III
( Saben dina jam 4 esuk Sindenrela wis tangi banjur resik-resik omahe. Ibu tiri lan mbakyune isih pada turu. Sindenrela uga ora lali sholat. Ora kaya ibu tiri lan mbakyu-mbakyune, kabeh keperluan sekolah mbakyune uga Sindenrela sing nyiapke.)

Ita                 : “Sindeeeen! Seragamku wis mbok gosokke dhurung!! (Ita lan Ratih metu kamar bareng)
Sindenrela    :  Sampun mbak kalih nggene mbak Ratih nggih sampun.”
Ratih            :Banyune anget wis ana dhurung?”
Sindenrela    : (mlayu niliki banyune anget) “Nembe panas siji mbak.”
Ita                 : “Ya wis aku sik sing adus.”
Ratih            : “Ya aku sik to! Kowe karo aku tuwo sapa? Luweh pokoke aku sik!”
Ita                 : “Aku sik! (ngadangi Ratih ning kamar mandi)”
Ibu                : “Eeee.. do ngapa to kuwi esuk-esuk wis do padu?”
Ratih            : “Banyune anget gek ana siji. Sing siji durung panas, Ita ngrebut kok bu.” (mecucu)
Ita                 : “Hiiii… kowe keles sing ngrebuti.” (melet)
Ibu                : “Wis wis gen adil tak gawe adus aku wae! Sinden siapke banyu angete!”
Ratih + Ita    : “LOH IBUK!! (jeg-jegkan)

Babak IV
( Cah telu wis pada rapi nganggo seragam sekolahe lan wis siap mangkat. Ratih lan Ita nggawa motor dhewe-dhewe ora gelem mboncengke Sinden, padahal cah telu kuwi sak sekolah. Sinden mangkat bali bareng Mintini.)
Mintini         : (ning njero angkot) “Hee Nden ngalamun wae. Ayo medun wis tekan lho.”
Sindenrela    : “Hee iya min. “
Jaka              : “San, wis tak bayarke.”
Santi             : “O iya, matur nuwun, Mas.”
Jaka              : “Yoi.” (ngacungake jempol)
Sindenrela    : “San, kuwi sapa? Kok, kayane aku gek weruh.”
Santi             : “Kui sedulurku sing wis tau tak critakake wingi mbek kowe kae lho…”
Sindenrela    : “Oalah. Dheweke ning kelas apa, San?”
Santi             : “Ning kelas XII SOS 1, dadi kakak kelase dhewe.”
( Banjur bocah loro mau mlaku bareng menyang kelase XI IPA 1 )

Babak V
(Wayah bengi pas padha mangan bareng )
Ita                 : “Mau to ana cah anyaran, cah kelas XII SOS 1.”
Ratih            : “Masak ta? Sapa hee? Ganteng ra?”
Ita                 : “Sapa ya?” (mikir – mikir)
Sindenrela    : “Seduluripun Santi, kanca kula mbak.”
Ratih + Ita    : (kaget)  “ Mosok?? Berarti dheweke netep ning kene?”
Sindenrela    : “Mboten ngertos mbak.”
Ibu tiri          : “Kaya ngapa to wonge? Dadi penasaran.”
Ita                 : “Ngganteng kok buk, ketok gagah.”
Ibu tiri          : “Lha asale seko ngendi Nden?”
Sindenrela    : “Turene saking Sumowono buk.”
Ibu tiri          : “Oh, bocah ki ngapa madang karo ngguya-ngguyu.” (namatke Ratih lan Ita)
Ratih + Ita    : (mung ngguyu tok)


Babak VI
( Ora kerasa preinan akhir semester wis teka. Sindenrela saiki wis munggah kelas 12 padha karo mbakyune. Sak jeroning preinan Sindenrela anane mung ning omah wae, ora entuk dolan – dolan kaya Ratih lan Ita. )
Rahayu         :  Kiye klambiku gosokake. Aku arep dolan karo kanca-kancaku. Saiki!” ( mbalangke klambi marang wajahe Sindenrela )
Ita                 : “Nggonku sisan.”
Sindenrela    : “Nggeh mangkih sekedap mbak.”
Ratih            Terus aku kon mikiri? Gosokake klambiku, saiki! Nek ora aku omongna Ibu nek kowe ora gelem!”
Sindenrela    : Ampun to, Mba. Nggeh sampun Sinden gosokaken. Nenggo sekedap malih...”                  ( Sindenrela banjur cepet – cepet nggosok klambine mbakyune )

(Nunggu setlikane panas Sindenrela namati latar njaba lewat jendela. Santi lewat latar omahe Sindenrela banjur langsung nyaperi Sindenrela sing lagi ngalamun. )
Santi            : “Hayo ngalamunke apa kowe?”
Sindenrela    : (kaget) Ora, iki lagi nunggu setlikane panas San. Kowe rene ngapa?”
Santi             : “Kejem to, takonne ngono. Yowes aku bali wae.”
Sindenrela    : “Apa kuwi sing nang tangan, sing kowe cekel?” ( karo nunjuk tangan tengene Santi )
Santi             : “Nah, tembe bae aku arep ngomong, tapi ora sido.”
Sindenrela    : “Ihh nesu ketok elek lho!”
Santi             : “Terserahlah, kiye mau ana undangan saka Jaka. Dadi Jaka kiye critane arep nganakake acara tanggap warsane.”
Sindenrela    : “Temenan apa kuwi, Min? Jaka sing umahe nang desa sebelah kae, to?” ( kaget )
Santi             :  “Iya, Nden. Jaka sing kowe senengi kae. Kowe tau cerita...”
Sindenrela    :  “Moso sih?”
Santi             :  “Halah...kuwi pipimu kok dadi abang? Hahahaha...( ngguyu ngledo Sindenrela )
Sindenrela    : Gara-garane kowe, San! Ngguyoke aku! Kan aku isin, to!” ( nutupe raine nganggo tangane karo ngguyu ngguyu dewe )
Santi             :  “Iya, iyaaa... Kiye undangane, masalah melu apa ora kuwe terserah. Sing penting aku wis ngabari kowe, Nden.”
Sindenrela    : “Aku sih kepengin melu, San. Tapi aku ora ngerti entuk apa ora karo Ibu.”
Santi             Pamit bae karo Bapakmu ngapa?
Sindenrela    :  Bapak kan lagi kerja 2 minggu nang kota. Aku ya ora bisa matur maring Bapak.
Santi             Oh, yawis kowe nembung disik. Mengko aku dikabari ya. Aku arep bali disik. Assalamu’alaikum...”
Sindenrela    :  “Walaikumsalam...”
            (Banjur Santi mbalik bali.)
Ratih            : “Sindeeeen! Lagi ngapa to, deneng suwe temen nggosoke!!
Sindenrela    :  Nggeh, Mbka. Niki sampun rampung.
Ita                :Jan, kaya kuwe tok be kesuwen! (njupuk  klambine) Loh, kuwe apa sing kowe cekel?
Sindenrela    :  Anu, Mba..anu...niki..eh...undangan.
Ratih            : “Apa kuwi?”
Ita                : “Loh.. Iki kan undangan acarane Jaka? Deneng kowe bisa ulih juga? Kowe arep melu apa? Hahahahaha. Aja ngimpi Jaka seneng marang kowe! Jaka kuwi seneng wong wedon sing kaya aku, udu kaya kowe!”
Sindenrela    :  “Tapi kan mboten salah to Mbak, menawi Sinden nderek acara menika.”
Ratih            : Ehh enakmen.. Ibuuuu! Bu....!”
Sidenrela      : ( bingung Ratih meh ngapa, wedi yen wadul ibune )
Ibu tiri          : “Apa to? Kok bengok-bengok?
Ratih            : “Bu, menika mireng mboten menawi Jaka ngawontenaken undangan pados garwa mangke ndalu?
Ibu tiri          : Loh apa iya? Jaka sing gagah kae?
Ita                : Nggeh, Bu.  Ratih uga badhe nderek. Tapi moso Sinden nderek, kan lucu nggeh, Bu?
Ibu tiri          :  Apa? Kowe arep melu? Ora ulih karo Ibu! Mung gawe isin tok mengko nang kana!
Sindenrela    :  Tapi, Bu... Mba Rahayu uga pareng nderek, moso Sinden mboten pareng?
Ibu tiri          :  Sekali ora ulih ya tetep ora! Mengko bengi, kowe nang umah, resik-resik! Ibu karo Mbakmu sing mangkat! Titik!”

( Sindenrela sedih ora entuk lunga ing acarane Jaka, banjur Sindenrela mlebu menyang kamar. Suwara telepon sing jebul saka Jaka mecahke sedihe Sindenrela. )
Sindenrela       : “Assalamualaikum..”
Jaka                 : “Waalaikumsalam.. gek apa nden?”
Sindenrela       : “Nembe lungguh. Niki sinten nggih? “
Jaka                 : “Karo sapa?”
Sindenrela       : “Piyambak.”
Jaka                 : “Tak kancani oleh ra?”
Sndenrela        : “Eh lha niki sinten nggih?”
Jaka                 : “Ora ngerti to? Aku Jaka.”
Sindenrela       : “Oh mas Jaka kok angsal nomer kula mas?”
Jaka                 : “Mbok aja basa to! Aku dadi rikuh, aku jaluk Mintini”
Sindenrela       : “ O.... lha dasar Mintini ki ra nembung karo aku barang.”
Jaka                             : “Eh aja nesu mbe Mintini lhooseng salah aku kok Nden wis entok undangan tanggap warsaku durung kowe?”
Sindenrela       : “Uwis.”
Jaka                 : “Aku pengen kowe teka Nden.”
Sindenrela       : (mikir suwi)
Jaka                 : “Nden..? hallo....?”
Sindenrela       : “Emm ya insyaallah ya mas.”
Jaka                 : “Aja ingsyaallah ta aku pengen kowe teka Nden.”
Sindenrela       : Iya mas tak usahakke tapi aku bingung meh ngado apa?”
Jaka                 : “Wes kui rak usah di pikir penting kowe teka, tak tunggu ya Nden. Wis sek ya. Assalamuallaikum cantik.”
Sindenrela       : (sinden kesemsem) “Waalaikumsallam.”

Babak VII
( Mlebu wayah bengi mbakyu-mbakyue karo ibu tirine Sindenrela sibuk nganah-ngeneh kanggo persiapan menyang umaeh Jaka. Mbakyu ditukokake klambi anyar sing apik banget. Sindenrela mung bisa ndeleng sanajan atine iri ndeleng kakange diistimewakake karo ibune. Sindenrela sing ora bisa melu mung bisa nelangsa karo resik-resik umah )
Sindenrela    : “Ya Allah, paringana sabar, paringana ikhlas...” ( Sindenrela ndonga karo nangis )
Santi             : Assalamu’alaikum, Nden, Sinden!( ngetok ketok lawang omahe Sindenrela )
Sindenrela    :  Walaikumsalam, mlebu bae, San!
Santi             Nden, deneng kowe tesih nang umah?( bingung ndeleng Sindenrela kang iseh nyapu )
Sindenrela    :  “Aku ora ulih melu karo Ibu, San. Aku didhawuhi nang umah bae resik-resik.
Santi             Wis mangkat bae saiki. Ayo karo aku mronone!( karo narik narik tangane Sindenrela )
Sindenrela    : Tapi nek aku dukani Ibu piye, San. Aja ngawur kowe!” ( nguculke tangane kang ditarik Santi )
Santi             Ora, ora bakal diseneni. Wis ayo mangkat!
Sindenrela    :  Tapi aku ora nduwe klambi dolan, San...( ndeleng klambi kang dinggo dekne )
Santi             Halah, wis mbatin aku. Wong wedon genah iya koh, repot apa-apane! Geh aku wis nyelangake klambine mbakku. Dienggo rana!” ( nyerahke tas kresek kang isine klambi )
Sindenrela    :  “Santi pancen TOP banget. Matur nuwun ya, ora salah aku nduwe kancan kaya kowe, San! Aku tak ganti disit ya...”
Santi             :  Iya, iya, cepetan!
Sindenrela    :  (metu saka kamar) Piye, San? Wagu ora?
Santi             : Ayu kok, Nden. Apik lan pas nang kowe! Sumpah, kowe gawe pangling!” ( ngacungake 2 jempol tangane )
Sindenrela    :  Halah, ngapusi ya?
Santi             Ora kok, temenan. Wis ayo mangkat! Tapi tak boncengna numpak pit, piye?
Sindenrela    :  Ya ora apa-apa. Wis bisa mangkat kuwe wis Alhamdulillah. Aduh, aku kelalen aku ora nduwe sepatu, San!”
Santi             :  “Loh aku juga ora nggawa. Terus piwe?”
Sindenrela    :  “Yawis ora masalah aku nganggo sendal jepit bae.”

( Sindenrela diboncengna Santi maring umahe Jaka nang desa Sumowono. Tekan umahe Jaka…)
Santi             :  Wis nganah mlebu, mengko nek wis rampung parani aku nang dapur...( ngacungi dapur kang ana ing pojokan )
Sindenrela    :  Tapi aku isin mlebune, San. Rame banget!
Santi             : Lah, ora apa-apa. Kiye kan acara bebas kanggo sapa bae. Wis nganah!”
Sindenrela    :  “Yawis. Matur nuwun ya, Min. Aku mlebu disit.” ( mlaku marang pesta ing omahe )


Babak VIII
( Sindenrela mlebu maring umaeh Jaka. Karo isin soale Sindenrela mung nganggo sandal jepit, padahal liyane pada nganggo sepatu apik. Tembe bae njagong kursi Jaka Sembung nyamperi Sindenrela )
Jaka              : “Sugeng rawuh, Mba....?”
Sindenrela    : Sinden, Sindenrela.( karo isin isin )
Jaka              : Sindenrela. Jenengmu apik, cocok karo parasmu sing ayu.
Sindenrela    : Mas Jaka bisa bae...( raine Sinden abang amarga isin )
Jaka              : Bisa ya, hehe. Sampeyan rene karo sapa?
Sindenrela    :  Karo Santi, Mas.
Jaka              : Oh. Sindenrela mesti pinter nyanyi? Gelem ora nembang selagu kanggo ngramekake acara iki. Selagu tok...”
Sindenrela    : “Anu...ora, Mas. Aku ora bisa nyanyi. Mbog malah tamune pada bubar nek aku nyanyi.”
Jaka              : Moso sih? Aku ora ngandel. Ayo nyanyi, dijajal sik.”
Sindenrela    :  “Ampun lah, Mas. Anu ora bisa...”
Jaka              : Ayo lah, selagu tok, Nden. Ya? Ya?
Sindenrela    : Emm... Yawis, selagu bae ya.
Jaka              : Cihuy...iya selagu. Ayuh munggah panggung cilik kae.( Jaka ngacungi panggung kang ana ing ngarepan para tamu )
Sindenrela    :  Iya, Mas.( Sinden mlaku enyang panggung )

Babak 1X
( Sindenrela sing dipaksa nyanyi karo Jaka akhire gelem. Pas Sindenrela lagi nyanyi, ibu tiri karo Ita lan Ratih metu saka lawang mburi. Wong telu kui ndeleng Sindenrela lagi nyanyi. Sindenrela juga ndeleng ibune karo mbakyune. Sindenrela kang ndhuwur panggung langsung pucet. Sawise Sindenrela nyanyi, Sindenrela mudhun saka panggung, langsung dicegat ibu tiri karo mbakyune )
Ibu tiri          : Apa-apaan kowe nang kene! Ora krungu dhawuhe Ibu apa, hah! Wis wani siki?!( narik narik tangane Sindenrela )
Ratih            :  Bisa-bisane ana nang kene kowe!
Sindenrela    :  “Wau, kula, anu...
Ibu tiri          : “Halah, aja kakehan alasan! Siki bali kowe! Sedurunge pada nyadar kowe nang kene. Cepet bali!” ( nyeret Sindenrela )
Sindenrela    :  “Tapi, Bu...”
Ita                 : “ra due isin banget mosok ning pesta nginggo sendal jepit kui klambi mesti nyileh.”
Ratih            :  “Cepet rana! Ora usah kakehan tapi!” (nyurung Sindenrela)

Babak X
( Sindenrela cepet-cepet arep metu saka umahe Jaka. Tapi sedurunge tekan lawang, Sindenrela tubrukan karo Jaka )
Jaka              :Loh, Sinden? Arep ngendi? kowe kesusu temen?
Sindenrela    :  Anu...aku...aku pamit, Mas. Aku arep bali, anu, aku ditunggu nang umah. Ngapurane ya, Mas.
Jaka              :Aja! Aja bali disik...
Sindenrela    :  Ora bisa, Mas. Aku kudu bali saiki.”
Jaka              :  Sindeeeen!
Sindenrela    :  Aja nyegat aku, Mas. Aku ora bisa suwe-suwe nang kene...
Jaka              : Udu, anu, kuwe sandal jepitmu ketinggalan.” ( nggojeki sandale Sinden )
Sindenrela    :  Assalamu’alaikum...
Jaka              :  Walaikumsalam...
( Sindenrela bali maring umah. )

Babak VIII
 ( Esuk-esuke, umahe Sindenrela ditekani tamu sing ora diduga karo Sindenrela ibu tirine, Ratih lan Ita, amarga sing teka kuwe Jaka )
Jaka              :  Assalamu’alaikum...( ngetok tok lawang )
Sindenrela    :  Walaikumsalam...( buka lawang )Loh? Mas Jaka??
Jaka              :  Iya, Nden. Aku arep ana perlu.
Ibu tiri          :  Eeeeh, ana Mas Jaka. Monggo, monggo mlebet! Mesti arep nggoleti Ratih + Ita ya, Mas Jaka? Ratih.. Ita (ngundang)..!!”
Ratih + Ita    :  “Wonten menopo to, Bu?” ( metu saka kamar )
Ibu tiri          :  “Iki loh, ana Mas Jaka nggoleki cah lara.”
Ratih            :  “Moso? Apa iya, Mas?
Jaka              : “Ngapunten, Bu. Saestunipun kula dhateng mriki wonten perlu kaliyan Sindenrela. Sanes kaliyan Ratih.
Ibu tiri          : Oh, ngono? Ana perlu apa to? Kok sing digoleki Sindenrela?!”
Jaka              :  “Kula dhateng mriki sepisan kaperlu badhe wangsulaken sendal jepite Sindenrela ingkang katinggalan wonten griya kula. Kaping pindo, sejatosipun kula menika tresna kaliyan sindenrela bapak ibu kula ggih restoni nek umpami kula kalih sinden bapak gih sampun sanggup badhe nyekolahke Sinden  tamat perguruan tinggi lan sakwise lulus kula badhe nglamar Sinden lan dadosake sinden dados garwo kula”
Ibu tiri, Ratih, Ita   :    “Haaaaaah???????” ( kaget, mlongo )
Jaka              :  “Nggih, leres, Bu, Sinden, Ratih lan Ita. “
Sindenrela    :  “Mas Jaka lagi guyon apa pripun sih?”
Jaka              :  “Ora, Nden. Aku temenan arep nglamar kowe. Kowe nrima apa ora, Nden?
Sindenrela    :  Eh, mm, anu...” ( ndelokake ibu lan mbakyu tirine )
Jaka              :  Nden?
Sindenrela    :  Eh, i..iya, Mas...
Jaka              Alhamdulillah....

( Akhire Sindenrela digarwa karo Jaka Sembung. Sanajan ibu tirine lan Rahayu ora seneng, nanging bapake Sindenrela wis menehi restu. Sindenrela karo Jaka urip ayem lan tentrem adoh saka ibu lan mbakyu tirine )




JJJ TAMAT JJJ