“Sindenrela lan Sendal
Jepit”
Sindenrela kuwi gadis desa kelas 2 SMA sing pinter pengetahuan,pinter nembang, suarane apik, parase ayu, seneng
nulung, nanging uripe melasi. Ibu kandunge wis ngadep Gusti Allah. Sindenrela
nduwe ibu kuwalon anyar lan nduwe sedulur 2 kuwalon anyar jenenge Ita lan Ratih.
Ibu tiri lan mbakyu kuwalon mau senenge nyiksa Sindenrela nek langka bapake ing umah. Saben dina
Sindenrela dipaksa kerja terus-terusan, nanging Sindenrela tetep sabar.
Sindenrela nduwe kanca jenenge Santi. Santi kiye wis dadi kancane Sindenrela
kawit cilik. Mung karo Santi tok, Sindenrela gelem cerita apa bae, langka sing ditutupi. Apa maning
masalah karo ibu tirine lan mbakyu kuwalon, ora ketinggalan di ceritakake neng Santi.
Babak
I
(
esuk-esuk
nang umahe Sindenrela )
Ibu tiri : “Sindeeeeen!!!! Sindenrela!!!” ( lungguh ing
ngarep TV karo kipas kipas nyanyi pusing
pala barbie )
Sindenrela : “Dalem, Bu?”
( mlayu marani ibu tirine )
Ibu tiri : “Dolam dalem! Kuwe ora ndeleng gerabah numpuk-numpuk. Kumbaih siki!”
Sindenrela : “Ngapunten, Bu. Kala wau kan Ibu ndhawuhi Sinden supados nggirah agemane
Ibu. Nah menika dereng...” ( Sindenrela
durung rampung ngomong, wes dipedhot ibu tirine )
Ibu tiri :
“Halah, aja nggawe alasan terus! Ibu ora arep ngerti, pokoke siki kabeh kudu
rampung!”
Sindenrela : “Nggeh, Bu...”
( karo manthuk manthuk )
Ratih : “Sindenrelaaaaa!”
Sindenrela :
“Dalem, Mba?” ( mlayu marani Ratih )
Ratih : “Gawekke aku mie! Cepet! Aku selak ngelih!
Sindenrela :”Lho kula wau mpun masak sayur to mbak, maem kalih niku mawon.
Ratih :”Moh aku pinginne mie! Cepet lhek gawekke kono!
Sindenrela : “Nanging,
Mba, anu menika Sinden ajeng ngumbah agemane Ibu lan ngumbah piring.”
Ratih :
“Wah rak mikir. Nek ora tak kandakke ibuk nek kowe ora gelem. Buukk iki lho….” (durung rampung ngomong)
Sindenrela :
“Ampun to mbak nggeh kula damelke mie, sekedap malih.” (Sindenrela banjur cepet nggawekke mie gawe mbakyune.)
Babak II
( Sindenrela njerengi klambine ibune ning latar karo nangis amarga nelangsa karo uripe sing saben
dina dibeda-bedani nang umahe dewe. Sindenrela ora ngerti nek ana Santi lewat
)
Santi :
“Loh, Nden? Nangapa koh? Deneng
nangis?”
( nyedhak marang Sindenrela )
Sindenrela : “Ya san. Lha kok nggowo kresek seko ngendi?”
Santi : “Seko warung didawuhi ibuk tuku lawuh. Sedulurku seko Sumowono ameh melu
Bapakku manggon ning kene karo arep sekolah. Sak sekolahan mbek dewe kok Nden.”
Sindenrela : (Sindenrela
mantuk-mantuk) “Oh… Yo kono
lhek ndang bali selak ditunggu ibumu lho San.”
Santi : (nepuk bathuk) “Aduh iya, ya wis bali
ndisik ya Nden. Assalamuallaikum.”
Sindenrela : “Waalaikumsalam.”
Babak III
( Saben dina jam 4 esuk Sindenrela wis tangi banjur
resik-resik omahe. Ibu tiri lan mbakyune isih pada turu. Sindenrela uga ora
lali sholat. Ora kaya ibu tiri lan mbakyu-mbakyune, kabeh keperluan sekolah
mbakyune uga Sindenrela sing nyiapke.)
Ita : “Sindeeeen! Seragamku wis mbok gosokke dhurung!! (Ita lan Ratih
metu kamar bareng)
Sindenrela : “Sampun mbak kalih nggene mbak Ratih nggih sampun.”
Ratih :
“Banyune anget wis ana
dhurung?”
Sindenrela : (mlayu niliki banyune anget) “Nembe panas siji mbak.”
Ita : “Ya wis aku sik
sing adus.”
Ratih : “Ya aku sik to!
Kowe karo aku tuwo sapa? Luweh pokoke aku sik!”
Ita : “Aku sik! (ngadangi Ratih ning kamar mandi)”
Ibu : “Eeee.. do ngapa
to kuwi esuk-esuk wis do padu?”
Ratih : “Banyune anget gek
ana siji. Sing siji durung panas, Ita ngrebut kok bu.” (mecucu)
Ita : “Hiiii… kowe
keles sing ngrebuti.” (melet)
Ibu : “Wis wis gen adil
tak gawe adus aku wae! Sinden siapke banyu angete!”
Ratih + Ita : “LOH IBUK!! (jeg-jegkan)
Babak IV
( Cah telu wis pada rapi nganggo seragam sekolahe lan
wis siap mangkat. Ratih lan Ita nggawa motor dhewe-dhewe ora gelem mboncengke
Sinden, padahal cah telu kuwi sak sekolah. Sinden mangkat bali bareng Mintini.)
Mintini : (ning njero angkot) “Hee Nden ngalamun wae. Ayo medun wis tekan
lho.”
Sindenrela : “Hee iya min. “
Jaka : “San, wis tak
bayarke.”
Santi : “O iya, matur
nuwun, Mas.”
Jaka : “Yoi.” (ngacungake jempol)
Sindenrela : “San, kuwi sapa? Kok, kayane
aku gek weruh.”
Santi : “Kui sedulurku
sing wis tau tak critakake wingi mbek kowe kae lho…”
Sindenrela : “Oalah. Dheweke ning
kelas apa, San?”
Santi : “Ning kelas XII
SOS 1, dadi kakak kelase dhewe.”
( Banjur bocah loro
mau mlaku bareng menyang kelase XI IPA 1 )
Babak V
(Wayah bengi pas padha mangan bareng )
Ita : “Mau to ana cah anyaran, cah kelas
XII SOS 1.”
Ratih :
“Masak ta? Sapa hee? Ganteng ra?”
Ita :
“Sapa ya?” (mikir – mikir)
Sindenrela : “Seduluripun
Santi, kanca kula mbak.”
Ratih + Ita : (kaget)
“ Mosok?? Berarti dheweke netep ning kene?”
Sindenrela :
“Mboten ngertos mbak.”
Ibu tiri :
“Kaya ngapa to wonge? Dadi penasaran.”
Ita :
“Ngganteng kok buk, ketok gagah.”
Ibu tiri :
“Lha asale seko ngendi Nden?”
Sindenrela : “Turene
saking Sumowono buk.”
Ibu tiri :
“Oh, bocah ki ngapa madang karo ngguya-ngguyu.” (namatke Ratih lan Ita)
Ratih + Ita : (mung ngguyu tok)
Babak VI
( Ora kerasa preinan akhir semester wis teka. Sindenrela saiki wis munggah
kelas 12 padha karo mbakyune. Sak jeroning preinan Sindenrela anane mung ning
omah wae, ora entuk dolan – dolan kaya Ratih lan Ita. )
Rahayu : “Kiye klambiku gosokake. Aku arep dolan karo kanca-kancaku. Saiki!” ( mbalangke klambi marang wajahe Sindenrela
)
Ita :
“Nggonku sisan.”
Sindenrela : “Nggeh mangkih sekedap mbak.”
Ratih : “Terus aku kon mikiri? Gosokake
klambiku, saiki! Nek ora aku omongna Ibu nek kowe ora gelem!”
Sindenrela :
“Ampun to, Mba. Nggeh sampun
Sinden gosokaken. Nenggo sekedap malih...” (
Sindenrela banjur cepet – cepet nggosok klambine mbakyune )
(Nunggu setlikane panas Sindenrela
namati latar njaba lewat jendela. Santi lewat latar omahe Sindenrela banjur
langsung nyaperi Sindenrela sing lagi ngalamun. )
Santi : “Hayo ngalamunke apa
kowe?”
Sindenrela : (kaget) “Ora, iki lagi nunggu setlikane panas San. Kowe rene ngapa?”
Santi : “Kejem to, takonne
ngono. Yowes aku bali wae.”
Sindenrela : “Apa kuwi sing nang tangan, sing kowe cekel?” ( karo nunjuk tangan tengene Santi )
Santi :
“Nah,
tembe bae aku arep ngomong, tapi ora sido.”
Sindenrela : “Ihh nesu ketok elek lho!”
Santi : “Terserahlah, kiye mau ana undangan saka Jaka.
Dadi Jaka kiye critane arep nganakake acara tanggap warsane.”
Sindenrela :
“Temenan apa kuwi, Min? Jaka sing umahe nang desa sebelah kae, to?” ( kaget )
Santi : “Iya,
Nden. Jaka sing kowe senengi kae. Kowe
tau cerita...”
Sindenrela : “Moso sih?”
Santi : “Halah...kuwi pipimu kok dadi abang?
Hahahaha...”
( ngguyu ngledo Sindenrela )
Sindenrela :
“Gara-garane kowe, San! Ngguyoke aku! Kan aku isin, to!” ( nutupe
raine nganggo tangane karo ngguyu ngguyu dewe )
Santi : “Iya,
iyaaa... Kiye undangane, masalah melu apa ora kuwe terserah. Sing penting aku
wis ngabari kowe, Nden.”
Sindenrela :
“Aku sih kepengin melu, San.
Tapi aku ora ngerti entuk apa ora karo Ibu.”
Santi : “Pamit bae karo Bapakmu ngapa?”
Sindenrela : “Bapak kan lagi kerja 2 minggu nang kota. Aku ya ora bisa matur maring
Bapak.”
Santi : “Oh, yawis kowe nembung disik. Mengko aku dikabari ya. Aku
arep bali disik. Assalamu’alaikum...”
Sindenrela : “Walaikumsalam...”
(Banjur
Santi mbalik bali.)
Ratih : “Sindeeeen! Lagi ngapa to, deneng suwe temen nggosoke!!
Sindenrela : “Nggeh, Mbka. Niki sampun rampung.”
Ita : “Jan, kaya kuwe tok be kesuwen!” (njupuk klambine) “Loh, kuwe apa sing kowe cekel?”
Sindenrela : “Anu, Mba..anu...niki..eh...undangan.”
Ratih :
“Apa kuwi?”
Ita : “Loh..
Iki kan undangan acarane Jaka?
Deneng kowe bisa ulih juga? Kowe arep melu apa? Hahahahaha. Aja ngimpi Jaka seneng marang kowe! Jaka kuwi
seneng wong wedon sing kaya aku, udu kaya kowe!”
Sindenrela : “Tapi kan mboten salah to Mbak, menawi Sinden nderek acara
menika.”
Ratih : “Ehh enakmen.. Ibuuuu! Bu....!”
Sidenrela :
( bingung Ratih meh ngapa, wedi yen wadul ibune
)
Ibu tiri : “Apa to? Kok bengok-bengok?”
Ratih : “Bu, menika mireng mboten menawi Jaka ngawontenaken undangan pados garwa
mangke ndalu?”
Ibu tiri : “Loh apa iya? Jaka sing gagah kae?”
Ita :
“Nggeh, Bu. Ratih
uga badhe nderek. Tapi moso Sinden nderek, kan lucu nggeh, Bu?”
Ibu tiri : “Apa?
Kowe arep melu? Ora ulih karo Ibu! Mung gawe isin tok mengko nang kana!”
Sindenrela : “Tapi, Bu... Mba Rahayu uga pareng nderek,
moso Sinden mboten pareng?”
Ibu tiri : “Sekali
ora ulih ya tetep ora! Mengko bengi, kowe nang umah, resik-resik! Ibu karo
Mbakmu sing mangkat! Titik!”
( Sindenrela
sedih ora entuk lunga ing acarane Jaka, banjur Sindenrela mlebu menyang kamar. Suwara
telepon sing jebul saka Jaka mecahke sedihe Sindenrela. )
Sindenrela :
“Assalamualaikum..”
Jaka : “Waalaikumsalam.. gek apa nden?”
Sindenrela : “Nembe
lungguh. Niki sinten nggih? “
Jaka : “Karo sapa?”
Sindenrela :
“Piyambak.”
Jaka : “Tak kancani oleh ra?”
Sndenrela : “Eh
lha niki sinten nggih?”
Jaka : “Ora ngerti
to? Aku Jaka.”
Sindenrela :
“Oh mas Jaka kok angsal nomer kula mas?”
Jaka : “Mbok aja
basa to! Aku dadi rikuh, aku jaluk Mintini”
Sindenrela : “
O.... lha dasar Mintini ki ra nembung karo aku barang.”
Jaka
: “Eh aja nesu mbe Mintini lhooseng salah aku kok Nden
wis entok undangan tanggap warsaku durung kowe?”
Sindenrela :
“Uwis.”
Jaka : “Aku pengen
kowe teka Nden.”
Sindenrela : (mikir suwi)
Jaka : “Nden..?
hallo....?”
Sindenrela :
“Emm ya insyaallah ya mas.”
Jaka : “Aja
ingsyaallah ta aku pengen kowe teka Nden.”
Sindenrela :
Iya mas tak usahakke tapi aku bingung meh ngado apa?”
Jaka : “Wes kui rak usah di pikir
penting kowe teka, tak tunggu ya Nden. Wis sek ya. Assalamuallaikum cantik.”
Sindenrela : (sinden kesemsem) “Waalaikumsallam.”
Babak VII
( Mlebu wayah bengi mbakyu-mbakyue karo ibu tirine Sindenrela sibuk
nganah-ngeneh kanggo persiapan menyang umaeh Jaka. Mbakyu ditukokake klambi anyar sing
apik banget. Sindenrela mung bisa ndeleng sanajan atine iri ndeleng kakange
diistimewakake karo ibune. Sindenrela sing ora bisa melu mung bisa nelangsa
karo resik-resik umah )
Sindenrela :
“Ya Allah, paringana sabar, paringana ikhlas...” (
Sindenrela ndonga karo nangis )
Santi : “Assalamu’alaikum, Nden, Sinden!”
( ngetok ketok lawang omahe Sindenrela )
Sindenrela : “Walaikumsalam, mlebu bae, San!”
Santi : “Nden, deneng kowe tesih nang
umah?”
( bingung ndeleng Sindenrela kang iseh
nyapu )
Sindenrela : “Aku ora ulih melu karo Ibu, San. Aku didhawuhi nang umah bae
resik-resik.”
Santi : “Wis mangkat bae saiki. Ayo karo aku mronone!” ( karo
narik narik tangane Sindenrela )
Sindenrela :
“Tapi nek aku dukani Ibu piye, San. Aja ngawur kowe!” ( nguculke tangane kang ditarik Santi )
Santi : “Ora, ora bakal diseneni. Wis ayo mangkat!”
Sindenrela : “Tapi aku ora nduwe klambi dolan,
San...” ( ndeleng klambi kang dinggo dekne )
Santi : “Halah, wis mbatin aku. Wong wedon
genah iya koh, repot apa-apane! Geh
aku wis nyelangake klambine mbakku. Dienggo rana!” ( nyerahke tas kresek kang isine
klambi )
Sindenrela : “Santi
pancen TOP banget. Matur nuwun ya, ora salah aku nduwe kancan kaya kowe, San! Aku tak ganti disit ya...”
Santi : “Iya, iya, cepetan!”
Sindenrela : (metu
saka kamar) “Piye, San?
Wagu ora?”
Santi : “Ayu kok,
Nden. Apik lan pas nang kowe! Sumpah, kowe gawe pangling!” ( ngacungake 2 jempol tangane )
Sindenrela : “Halah, ngapusi ya?”
Santi : “Ora kok, temenan. Wis ayo mangkat! Tapi tak boncengna numpak pit, piye?”
Sindenrela : “Ya ora apa-apa. Wis bisa mangkat kuwe wis Alhamdulillah. Aduh, aku kelalen
aku ora nduwe sepatu, San!”
Santi : “Loh
aku juga ora nggawa. Terus piwe?”
Sindenrela : “Yawis ora masalah aku nganggo sendal jepit
bae.”
( Sindenrela diboncengna Santi maring umahe Jaka nang desa Sumowono. Tekan umahe Jaka…)
Santi : “Wis nganah mlebu, mengko nek wis
rampung parani aku nang dapur...” ( ngacungi dapur kang ana ing pojokan )
Sindenrela : “Tapi aku isin mlebune, San. Rame banget!”
Santi : “Lah, ora apa-apa. Kiye kan acara
bebas kanggo sapa bae. Wis nganah!”
Sindenrela : “Yawis. Matur nuwun ya, Min. Aku mlebu disit.” ( mlaku marang pesta ing omahe )
Babak VIII
( Sindenrela mlebu maring umaeh Jaka. Karo isin soale Sindenrela mung
nganggo sandal jepit, padahal liyane pada nganggo sepatu apik. Tembe bae
njagong kursi Jaka Sembung nyamperi Sindenrela )
Jaka : “Sugeng rawuh, Mba....?”
Sindenrela :
“Sinden, Sindenrela.”
( karo isin isin )
Jaka : “Sindenrela. Jenengmu apik, cocok karo parasmu sing ayu.”
Sindenrela : “Mas Jaka bisa bae...” ( raine Sinden abang
amarga isin )
Jaka : “Bisa ya, hehe. Sampeyan rene karo
sapa?”
Sindenrela :
“Karo Santi, Mas.”
Jaka : “Oh. Sindenrela mesti pinter nyanyi?
Gelem ora nembang selagu kanggo ngramekake acara iki. Selagu tok...”
Sindenrela : “Anu...ora, Mas. Aku ora bisa nyanyi. Mbog malah tamune pada bubar nek aku
nyanyi.”
Jaka :
“Moso sih? Aku ora ngandel. Ayo
nyanyi, dijajal sik.”
Sindenrela : “Ampun lah, Mas. Anu ora bisa...”
Jaka :
“Ayo lah, selagu tok, Nden. Ya?
Ya?”
Sindenrela : “Emm... Yawis, selagu bae ya.”
Jaka : “Cihuy...iya selagu. Ayuh munggah
panggung cilik kae.” ( Jaka ngacungi panggung kang ana ing
ngarepan para tamu )
Sindenrela : “Iya,
Mas.” ( Sinden mlaku enyang panggung )
Babak 1X
( Sindenrela sing dipaksa nyanyi karo Jaka akhire gelem.
Pas Sindenrela lagi nyanyi, ibu tiri karo Ita lan Ratih metu saka lawang mburi.
Wong telu kui ndeleng Sindenrela lagi nyanyi. Sindenrela juga ndeleng ibune
karo mbakyune. Sindenrela kang ndhuwur
panggung langsung pucet. Sawise Sindenrela nyanyi, Sindenrela mudhun saka panggung,
langsung dicegat ibu tiri karo mbakyune )
Ibu tiri :
“Apa-apaan kowe nang kene! Ora
krungu dhawuhe Ibu apa, hah! Wis wani siki?!” ( narik narik tangane Sindenrela )
Ratih : “Bisa-bisane ana nang kene kowe!”
Sindenrela : “Wau, kula, anu...”
Ibu tiri :
“Halah, aja kakehan alasan! Siki bali kowe! Sedurunge pada nyadar kowe nang
kene. Cepet bali!” ( nyeret Sindenrela )
Sindenrela : “Tapi, Bu...”
Ita :
“ra due isin banget mosok ning pesta nginggo sendal jepit kui klambi mesti
nyileh.”
Ratih : “Cepet rana! Ora usah kakehan tapi!” (nyurung Sindenrela)
Babak X
( Sindenrela cepet-cepet arep metu saka umahe Jaka.
Tapi sedurunge tekan lawang, Sindenrela tubrukan karo Jaka )
Jaka :
“Loh,
Sinden? Arep ngendi? kowe kesusu temen?”
Sindenrela : “Anu...aku...aku pamit, Mas. Aku arep bali, anu, aku ditunggu nang umah.
Ngapurane ya, Mas.”
Jaka :“Aja! Aja bali disik...”
Sindenrela : “Ora
bisa, Mas. Aku kudu bali saiki.”
Jaka : “Sindeeeen!”
Sindenrela : “Aja nyegat aku, Mas. Aku ora bisa suwe-suwe nang kene...”
Jaka :
“Udu, anu, kuwe sandal jepitmu
ketinggalan.” ( nggojeki sandale Sinden )
Sindenrela : “Assalamu’alaikum...”
Jaka : “Walaikumsalam...
( Sindenrela bali maring umah. )
Babak VIII
(
Esuk-esuke, umahe
Sindenrela ditekani tamu sing ora diduga karo Sindenrela ibu tirine, Ratih lan Ita, amarga sing teka kuwe Jaka )
Jaka : “Assalamu’alaikum...” ( ngetok tok lawang )
Sindenrela : “Walaikumsalam...” ( buka lawang ) “Loh? Mas Jaka??”
Jaka : “Iya,
Nden. Aku arep ana perlu.”
Ibu tiri : “Eeeeh,
ana Mas Jaka. Monggo, monggo mlebet! Mesti
arep nggoleti Ratih + Ita ya, Mas Jaka? Ratih.. Ita (ngundang)..!!”
Ratih + Ita : “Wonten menopo to, Bu?” ( metu saka kamar )
Ibu tiri : “Iki loh, ana Mas Jaka nggoleki cah lara.”
Ratih : “Moso? Apa iya, Mas?”
Jaka :
“Ngapunten, Bu. Saestunipun kula dhateng mriki wonten perlu kaliyan Sindenrela.
Sanes kaliyan Ratih.”
Ibu tiri :
“Oh, ngono? Ana perlu apa to? Kok
sing digoleki Sindenrela?!”
Jaka : “Kula dhateng mriki sepisan kaperlu badhe
wangsulaken sendal jepite Sindenrela ingkang katinggalan wonten griya kula.
Kaping pindo, sejatosipun kula menika tresna kaliyan sindenrela bapak ibu kula
ggih restoni nek umpami kula kalih sinden bapak gih sampun sanggup badhe nyekolahke Sinden
tamat perguruan tinggi lan sakwise lulus kula badhe nglamar Sinden lan
dadosake sinden dados garwo kula”
Ibu tiri, Ratih, Ita : “Haaaaaah???????” (
kaget, mlongo )
Jaka : “Nggih, leres, Bu, Sinden, Ratih lan Ita. “
Sindenrela : “Mas Jaka lagi guyon apa pripun sih?”
Jaka : “Ora, Nden. Aku temenan arep nglamar kowe.
Kowe nrima apa ora, Nden?”
Sindenrela : ‘Eh, mm, anu...” ( ndelokake ibu lan mbakyu tirine )
Jaka : “Nden?”
Sindenrela : “Eh,
i..iya, Mas...”
Jaka : “Alhamdulillah....”
( Akhire Sindenrela digarwa karo Jaka Sembung. Sanajan ibu tirine lan
Rahayu ora seneng, nanging bapake Sindenrela wis menehi restu. Sindenrela karo
Jaka urip ayem lan tentrem adoh saka ibu lan mbakyu tirine )
JJJ TAMAT JJJ
