Sunday 22 January 2017

Geguritan kanthi tema Pahlawan

Lirwa marang Jasane
( Dening : Zakaria Ahmad )


Perjuangan para pahlawan ing jaman penjajahan
Migunakake awak, sirah, sikil, lan tangan
Percaya lan tanggung jawab marang kang diemban

Upaya lan usahane tan bisa dibaleni
Kanthi direwangi katula-tula katali
Ora kaya wong ing jaman saiki
Sing endhas gundul dikepeti

Para pahlawan biasa kerubuhan gunung
Ananging kabeh padha siap nyengkuyung
Dadi ora ana masalah sing marakake bingung

Ing jaman saiki upayane wis dilalikake
Wis tan padha peduli marang jasane
Sing kudu tanggung jawab pangarsa lan rakyate
Nglestarikake iku wis dadi lumrahe

Pahlawan wis berjuang kanggo negara
Upaya kang marakake bangsane merdeka
Pahlawan ora tau njaluk apa-apa
Mung titip negara marang para pemuda