Lirwa
marang Jasane
( Dening : Zakaria Ahmad )
Perjuangan
para pahlawan ing jaman penjajahan
Migunakake
awak, sirah, sikil, lan tangan
Percaya lan
tanggung jawab marang kang diemban
Upaya lan
usahane tan bisa dibaleni
Kanthi
direwangi katula-tula katali
Ora kaya
wong ing jaman saiki
Sing endhas
gundul dikepeti
Para
pahlawan biasa kerubuhan gunung
Ananging
kabeh padha siap nyengkuyung
Dadi ora ana
masalah sing marakake bingung
Ing jaman
saiki upayane wis dilalikake
Wis tan
padha peduli marang jasane
Sing kudu
tanggung jawab pangarsa lan rakyate
Nglestarikake
iku wis dadi lumrahe
Pahlawan wis
berjuang kanggo negara
Upaya kang
marakake bangsane merdeka
Pahlawan ora
tau njaluk apa-apa
Mung titip
negara marang para pemuda
No comments:
Post a Comment