Wednesday 14 February 2018

Pakaian Adat Jawa Rasukan : Perbedaan Beskap dan Surjan


Rasukan

                 
                       

  1.       .     Beskap  ( Solo )

Beskap yaiku busana adat wong lanang saka Surakarta (Solo). Bentuke kayata jas sing didesain dhewe dening wong landa sing dumugi saka tembung beschaafd sing ateges civilized utawa kabudayan. Werna beskap biasane ireng, nanging ana werna liya kayata puteh utawa cokelat. Saliyane beskap,  uga ana busana adat lanang gaya Surakarta yaiku atela. Bedane isa didelok saka carane masang benik. Ing beskap, benik dipasang ing tengen lan kiwa, dene ing atela, benik dipasang ing tengah saka kerah gulu nganti ngisor. Yen kanggo kaum wedok bisa nganggo kebaya sing digawe saka bludru. Benik 5 iji sing ateges 5 Rukun Islam yaiku Sahadat, Sholat, Puasa, Zakat, Haji
3 pasang benik (6 iji) ing ndhuwur, nggambarake rukun Iman yaiku:
           1. Iman karo gusti  Allah SWT
           2. Iman karo Malaikat
           3. Iman karo utusan Allah
           4. Iman karo  Kitab-kitab
           5. Iman karo Hari Kiamat
           6. Iman karo Qada Qadr 

2.    Surjan ( Yogyakarta )
Surjan iku salah sijine busana adat Jawa sing biasa dienggo kaum lanang saben dinane. Surjan iki biasane digawe saka lurik. Surjan uga bisa dienggo ing acara adat lan acara resmi nanging kudu dijangkepi blangkon lan bebedan. Yen kanggo kaum wedok bisa nganggo kebaya utawa jaritan uga bisa dadi kemben.
Surjan asale saka tembung sirajan sing tegese Pepadhang. Surjan iku asline saka Mataram lan diciptake dening Sunan Kalijaga. Amarga Mataram pecah dadi 2, yaiku Solo lan Jogja, busana model sorjan dadi ciri khase Kraton Yogyakarta. Kraton Surakarta sing ora nduweni ciri khas busana banjur nyiptakake dewe yaiku Beskap.
3 pasang benik (6 iji) ing ndhuwur, nggambarake rukun Iman yaiku:
     1. Iman karo gusti  Allah SWT
     2. Iman karo Malaikat
     3. Iman karo utusan Allah
     4. Iman karo  Kitab-kitab
     5. Iman karo Hari Kiamat
     6. Iman karo Qada Qadr   
2 benik ing dada ateges  2 kalimat Syahadat   
3 benik ing ulu hati berarti nutup 3 nafsu manungsa  yaiku napsu bahimah (kewan), napsu laumah (weteng),  lan  napsu syaitoniah (setan)